Tresna Kui (ora) Ana Regane
Laah, kepiye kui. Tresna kok ora ana regane? Gek gajege piye jal?
Pitakonan kui mesthi mrentul saka ati nalika kita kabeh maca
judul sing tak tulis neng ndhuwur. Mokal nek kita sedaya ora ngerti apa suraose
tembung tembung kang thirik thirik tumata minangka judul tulisan iki.
Tresna … Sakjane tresna kui apa tho? Horotoyoh, ana sing isa
njawab pitakonan iki?
Sak ngertiku, tresna kui rasa asih, rasa gemati, rasa
ngemong, rasa wedi kelangan lan sakpanunggalane. Rasa ini isa tuwuh antaraning
wong tuwa marang anak-anake, marang kanca kenthel, marang tangga teparo, marang sak padha padha lan
ana uga tresna marang lawan jenis.
-----oooOOOooo-----
Wis sauntara suwe aku kepengin duwe wit pandan. Sepele tho?
Iya, sepele. Wit pandan mono gampang thukule, meh saben omah nduwe tanduran
iki. Nalika kopdar IIDN Korwil Yogya ing
tlatah Muntilan, salah sawijining kanca kang duwe wit pandan, abot abot
nggawakke tanduran kui kanggo aku. Wit pandan sing dhuwure udakara wis sedhepa,
digawakake. Sakjane aku ngerti,
piyambake ya repot nggawa wit sing
tholang tholang ngebaki sepedha montore. Ananging, sing marakke trenyuh, Jeng
Marul ora rumangsa ewuh lan kerepotan.
Sauntara wektu, aku nembe nglegena nek Jeng Marul kui lagi
wae ngesokke tresna kang ora ana regane. Tresna marang kanca kang ora isa
diukur ngganggo gedhene bandha mayuta-yuta.
Eman, ora gantalan
wektu wit pandan mau ora kalap. Tak tandur neng sisih omah, trus mati. Jare
kakangbojo, tanganku kui panas. Ora isa nenandur.
-----oooOOOooo-----
Liya dina, gandheng aku isih kepengin duwe wit pandan, aku
weling karo sing sok ngewangi neng omah.
“Mbak, mbok aku nyuwun tulung digawakke wit pandan. Sak
uwiiitt wae. Nggo deduwen,” celathuku.
“Ooh, nggih Bu. Teng nggriya kathah kok. Mbenjang kula betake,”
semaure.
Gandheng durung kober nandur, wit pandan kui tak selehke
neng sandhing pancuran. Angkahku, ben ora usah nyiram samben esuk lan sore. Wit
pandane wis katut kesiram angger ana sing mbukak kran saperlu wijik tangan
apamaneh sikil. Sedina, rong ndina … ora krasa nganti genep sepuluh dina. Aku isih
durung kober nyepakke pot kanggo nandur wit pandan kui.
Ragilku risi, sore sore sak durunge adus dhewekke nggawa
cethok trus wit pandan kui ditandur neng sisih omah. Ora lali dheweke saben
esuk lan sore tlaten nyirami.
Ananging dhasare ora waris, wit pandan kui sidane yaa padha
karo wit pandan sak durunge. Mati.
-----oooOOOooo-----
Ndilalah, aku kanggonan Kopdar IIDN Korwil Yogya ing wulan
Januari iki. Pucuk dicinta ulam tiba kan?
Tak wanek-wanekke , jan-jane yaa rada kepiyee ngunu. Rasane
ora penak, pekewuh … embuh lah. Aku nembung Jeng Flo, muga kersa nggawakke wit
pandan sing ana lemahe. Pengalaman sing uwis, digawakke wit nanging ora katut
lemahe mung marakke gela. Wit pandane ora gelem urip.
Aja takon kepiye rasa isine, untung wae
anggonku nembung ora adhep-adhepan, mung lewat chatting. Dadi, rasa isinku isa
tak dhelikke rapet. Hihihihi ….
Klakon, Jeng Flo ngrawuhi Kopdar. Ngasta tas punggung gedhe
sing ketok abot gawane.
“Mak, ngestokaken dhawuh. Menika pesenan Mak,” karo ibut
ngetokke wit pandan sak pot’e trus diseleh neng sandhing pintu.
-----oooOOOooo-----
Rumangsaku, aku kaya ketiban emas sak gunung. Wis njaluk,
digawakke, ora perlu susah susah sowan menyang daleme Jeng Flo.
Sakjroning ati aku nangis. Iki sing jenenge tresna. Tresna
sing ora ana regane. Tresna sing ora isa diregani nganggo bandha mayuta-yuta.
Matur sembah nuwun Jeng Flo, wis kersa tak repoti, wis kersa
abot-abot nggendhong tas isi pot sak wit’e.
=====&&&&&&&=====