Sabtu, 30 Januari 2016

Curhat ala Mak: Tresna Kui (ora) Ana Regane


Tresna Kui (ora) Ana Regane



 

Laah, kepiye kui. Tresna kok ora ana regane? Gek gajege  piye jal?

Pitakonan kui mesthi mrentul saka ati nalika kita kabeh maca judul sing tak tulis neng ndhuwur. Mokal nek kita sedaya ora ngerti apa suraose tembung tembung kang thirik thirik tumata minangka judul tulisan iki.
Tresna … Sakjane tresna kui apa tho? Horotoyoh, ana sing isa njawab pitakonan iki?

Sak ngertiku, tresna kui rasa asih, rasa gemati, rasa ngemong, rasa wedi kelangan lan sakpanunggalane. Rasa ini isa tuwuh antaraning wong tuwa marang anak-anake, marang kanca kenthel,  marang tangga teparo, marang sak padha padha lan ana uga tresna marang lawan jenis.


-----oooOOOooo-----


Wis sauntara suwe aku kepengin duwe wit pandan. Sepele tho? Iya, sepele. Wit pandan mono gampang thukule, meh saben omah nduwe tanduran iki.  Nalika kopdar IIDN Korwil Yogya ing tlatah Muntilan, salah sawijining kanca kang duwe wit pandan, abot abot nggawakke tanduran kui kanggo aku. Wit pandan sing dhuwure udakara wis sedhepa, digawakake.  Sakjane aku ngerti, piyambake ya repot  nggawa wit sing tholang tholang ngebaki sepedha montore. Ananging, sing marakke trenyuh, Jeng Marul ora rumangsa ewuh lan kerepotan. 

Sauntara wektu, aku nembe nglegena nek Jeng Marul kui lagi wae ngesokke tresna kang ora ana regane. Tresna marang kanca kang ora isa diukur ngganggo gedhene bandha mayuta-yuta.

Eman,  ora gantalan wektu wit pandan mau ora kalap. Tak tandur neng sisih omah, trus mati. Jare kakangbojo, tanganku kui panas. Ora isa nenandur.


-----oooOOOooo-----


Liya dina, gandheng aku isih kepengin duwe wit pandan, aku weling karo sing sok ngewangi  neng omah.

“Mbak, mbok aku nyuwun tulung digawakke wit pandan. Sak uwiiitt wae. Nggo deduwen,”  celathuku.

“Ooh, nggih Bu. Teng nggriya kathah kok. Mbenjang kula betake,” semaure.

Gandheng durung kober nandur, wit pandan kui tak selehke neng sandhing pancuran. Angkahku, ben ora usah nyiram samben esuk lan sore. Wit pandane wis katut kesiram angger ana sing mbukak kran saperlu wijik tangan apamaneh sikil. Sedina, rong ndina … ora krasa nganti genep sepuluh dina. Aku isih durung kober nyepakke pot kanggo nandur wit pandan kui.  

Ragilku risi, sore sore sak durunge adus dhewekke nggawa cethok trus wit pandan kui ditandur neng sisih omah. Ora lali dheweke saben esuk lan sore tlaten nyirami. 

Ananging dhasare ora waris, wit pandan kui sidane yaa padha karo wit pandan sak durunge. Mati.


-----oooOOOooo-----


Ndilalah, aku kanggonan Kopdar IIDN Korwil Yogya ing wulan Januari iki. Pucuk dicinta ulam tiba kan?

Tak wanek-wanekke , jan-jane yaa rada kepiyee ngunu. Rasane ora penak, pekewuh … embuh lah. Aku nembung Jeng Flo, muga kersa nggawakke wit pandan sing ana lemahe. Pengalaman sing uwis, digawakke wit nanging ora katut lemahe mung marakke gela. Wit pandane ora gelem urip.   

Aja takon kepiye rasa isine, untung wae anggonku nembung ora adhep-adhepan, mung lewat chatting. Dadi, rasa isinku isa tak dhelikke rapet. Hihihihi …. 

Klakon, Jeng Flo ngrawuhi Kopdar. Ngasta tas punggung gedhe sing ketok abot gawane.
“Mak, ngestokaken dhawuh. Menika pesenan Mak,” karo ibut ngetokke wit pandan sak pot’e trus diseleh neng sandhing pintu.




-----oooOOOooo-----


Rumangsaku, aku kaya ketiban emas sak gunung. Wis njaluk, digawakke, ora perlu susah susah sowan menyang daleme Jeng Flo.
Sakjroning ati aku nangis. Iki sing jenenge tresna. Tresna sing ora ana regane. Tresna sing ora isa diregani nganggo bandha mayuta-yuta.
Matur sembah nuwun Jeng Flo, wis kersa tak repoti, wis kersa abot-abot nggendhong tas isi pot sak wit’e.




 =====&&&&&&&=====

3 komentar:

  1. Kalawingenane kula nggih nanem pandhan ijo kaliyan pandhan wangi bun...lha kok pandan wangine malah mati, untunge pandhan ijone kok nggih seger meger2 ngantos sakmeniko...

    BalasHapus
  2. Menawi namem pandhan kula malah ajrih. Siti wonten kiwa tengen griya kula subur sanget. Nate nanem pandhan, pun tanem wonten pekarangan. Taneman menika saged ageng (kados taneman buah merah ingkang subur wonten irian jaya). menawi wonten karanganyar, ronipun kagem buntel kupat. Kok ndilalah taneman pandhan menika wonten ingkang nengga, inggih menika sawer pyton. Ngertos kangge ndhelik sawer lajeng taneman menika pun suda. Malah kula sukake tanggi teparo. Sakmenika boten gadhah taneman pandhan. Menawi betah ron pandhan nyuwun tanggi ingkang kagungan. Matur nuwun, mbak Enggar kersa mbagi ilmu.

    BalasHapus
  3. Mak, kulo namung saget urun jempol mawon nggih. Uapiiikk tenin. Maturnuwun mak

    BalasHapus